Sony Xperia X Compact - Setelan kamera umum

background image

Setelan kamera umum

Mode jepretan

Manual

Atur setelan kamera kanthi manual kayata resolusi, pepadhangan, lan ISO.

Super otomatis

Optimalake setelan supaya cocog ing kabeh sesawangan.

Kamera video

Atur setelan video kanthi manual kayata resolusi lan mode fokus.

Aplikasi kamera

Pilih aplikasi kamera kanthi manual.

Usap layar kanggo milih mode motret sing dipengini utawa dhaptar aplikasi.

Kanggo sinau liyane bab cara njepret foto luwih apik, bukak

support.sonymobile.com

.

Aplikasi kamera

Sound Photo

Jepret foto karo swara latar mburi.

Efek AR

Jepret foto utawa rekam video nganggo sesawangan lan karakter virtual.

Efek kreatip

Trapake efek menyang foto utawa video.

Sapuan Panorama

Jepret foto sudhut amba lan panorama.

Gaya potret

Jepret foto nganggo gaya potret wektu nyata.

96

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Timeshift video

Rekam video laju bingkai dhuwur lan trapake efek obah alon.

Timeshift burst

Golek foto paling apik saka akeh gambar.

Panggawe stiker

Nggawe stiker unik saka foto favorit utawa saka jendhela bidhik kamera.

Sweep Panorama

Sampeyan bisa njupuk potret sudhut amba lan panorama saka arah horisontal utawa

vertikal ing gerakan gampang penet-lan-Sapuan.

Motret panorama

1

Aktifake kamera.

2

Usap layar kanggo milih

, banjur tutul .

3

Kanggo milih arah motret, tutul

.

4

Pencet tombol kamera banjur pindhah kamera alon lan kanthi ajeg menyang arah

saka gerakan dituduhake ing layar.

Potret Gaya

Sampeyan bisa nggunakake fitur Potret Gaya kanggo nrapake efek owahan nalika

motret foto kanggo mesthekake kasil paling apik. Sampeyan uga bisa nganggo setelan

Sorotan ajaib kanggo nambah pola lampu sorot kanggo mripat.

Nggunakake fitur Potret gaya

1

Aktifake kamera.

2

Usap layar kanggo milih

, banjur tutul .

3

Kanggo nampilake kabeh gaya, tutul jeneng gaya sing bubar dipilih, contone,

Plemb..

4

Kanggo nambah gaya maneh, tutul

Liyane.

5

Tutul gaya sing arep ditrapake, banjur tutul kanggo motret.

Nggunakake fitur Magic beam

1

Aktifake kamera.

2

Usap layar kanggo milih

, banjur tutul > .

3

Kanggo ngetrapake efek lampu sorot njero mripat, pilih pola sing dikustomisasi.

Nggunakake Timeshift burst

1

Aktifake kamera.

2

Usap layar kanggo milih

, banjur tutul .

3

Jepret foto. Foto sing dijupuk muncul ing tampilan gambar cilik.

4

Gulung antarane gambar cilik lan pilih foto sing pengin disimpen, banjur tutul .

Ngundhuh aplikasi kamera

Sampeyan bisa ngundhuh aplikasi kamera sing gratis utawa sing mbayar saka Google

Play™ utawa liyane. Sadurunge wiwit ngundhuh, pesthekake sampeyan nduweni

sambungan Internet aktif, luwih apik liwat Wi-Fi kanggo matesi prabeya kiriman data.

Ngundhuh aplikasi kamera

1

Bukak aplikasi kamera.

2

Usap layar kanggo milih

, banjur tutul .

3

Pilih aplikasi sing pengin diundhuh, lan tututi patunjuk kanggo ngrampungake

instalasi.

Deteksi otomatis pasuryan

Kamera otomatis ndeteksi pasuryan lan nuduhake karo pigura. Pigura werna nuduhake

pasuryan sing dipilih kanggo fokus. Fokus diset menyang pasuryan sing paling cedhak

97

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

karo tengahe kamera. Sampeyan uga bisa nutul salah sijine pigura kanggo milih

pasuryan sing arep dianggo fokus.

Njepret otomatis

Uripake njepret otomatis kanggo njupuk gambar otomatis nggunakake salah siji pilihan

ing ngisor.

Jepretan Tangan

Arahake dlamakan tangan menyang kamera kanggo nguripake timer dhewe lan jepret awake dhewe ing

mode jepretan

Manual lan Super otomatis.

Jepret Esem

Gunakake teknologi Smile Shutter™ kanggo motret pasuryan langsung nalika mesem. Kamera bisa ndeteksi

nganti limang pasuryan banjur milih salah siji kanggo deteksi eseman lan fokus otomatis. Nalika pasuryan sing

dipilih mesem, kamera motret kanthi otomatis.

Mati

Nalika jepretan otomatis mati, sampeyan bisa motret nggunakake tombol rana utawa tombol kamera.

Fungsi

Jepretan Tangan kasedhiya mung kanggo njepret fotone awake dhewe.

Nguripake Smile Shutter™

1

Aktifake kamera.

2

Tutul .

3

Golek banjur tutul

Njepret otomatis > Jepret Esem.

4

Nalika kamera mbukak lan

Jepret Esem diuripake, arahake kamera menyang

subyek. Kamera milih praupan sing arep dianggo fokus.

5

Praupan sing dipilih katon ing njero pigura werna lan foto dijupuk kanthi otomatis

saknalika esem kadeteksi.

6

Yen eseman ora kadeteksi, penet tombol kamera kanggo motret kanthi manual.

Nguripake Hand Shutter

1

Aktifake kamera.

2

Ngoper menyang kamera ngarep kanthi nutul

3

Tutul .

4

Tutul

Liyane.

5

Golek banjur tutul

Njepret otomatis > Jepretan Tangan.

Nyimpen panggonan geografis saka foto

Aktifake fungsi Simpen panggonan kanggo menehi tandha panggonan geografis -

nyimpen kira-kira panggonan geografis nalika dijepret. Panggonan geografis ditemtokake

nganggo jaringan nirkabel lan teknologi GPS.
Nalika muncul ing layar kamera, Simpen panggonan diuripake nanging posisi geografis

durung ditemokake. Nalika muncul, Simpen panggonan diuripake lan kasedhiya

panggonan geografis, mula geografis panggonan bisa ditambahake menyang foto. Yen

salah siji saka kaloro simbol iki muncul, Simpen panggonan dipateni.

Ngaktifake panandha panggonan

1

Aktifake kamera.

2

Tutul .

3

Tutul

Liyane, banjur tutul panggeser ing jejere Simpen panggonan kanggo

ngaktifake utawa mateni fungsi kasebut.

4

Yen arep ngaktifake panandha panggonan, sampeyan dijaluk supaya ngaktifake

layanan Panggonan yen durung diaktifake. Tutul

OK, banjur tutul panggeser

Panggonan.

Motret karo ndemek

Nganggo Motret karo ndemek, tutul layar kamera ing ngendi wae kanggo motret.

Aktif

98

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Mung kamera ngarep

Mati

Demek kanggo ngatur

Tutul layar kanggo milih area kanggo fokus nalika motret.

Mung fokus

Fokus lan pepadhangan

Fungsi iki mung kasedhiya ing mode

Super otomatis.

Pratilik foto/video otomatis

Sampeyan bisa milih ndeleng pratilik foto utawa video langsung sawise motret utawa

ngrekam.

Aktif

Sawise motret utawa ngrekam video, pratilike muncul ing pojok tengen isor layar sasuwe 3 detik.

Mung kamera ngarep

Sawise motret utawa ngrekam video karo kamera ngarep, pratilike muncul ing pojok tengen isor layar sasuwe

3 detik.

Mati

Foto utawa video disimpen sawise dijupuk, lan ora ana pratilik sing muncul.

Anggo Tombol volume minangka

Sampeyan bisa milih kepriye pengin nganggo tombol volume nalika njepret foto.

Zoom

Anggo tombol volume kanggo zoom gedhe utawa cilik.

Volume

Anggo tombol volume kanggo ngatur volume kabar, dering, lan musik.

Rana

Anggo tombol volume kanggo njepret foto.

Swara

Nalika motret utawa ngrekam video, Kamera nggawe swara njepret. Yen nggunakake

timer foto, swara bakal muni pirang-pirang bip kanggo nandhani itungan mundur.

Sampeyan bisa milih kanggo nguripake utawa mateni swara iki.

Panyimpenan data

Sampeyan bisa milih arep nyimpen data ing kertu SD sing bisa dipindhah-pindhah utawa

menyang panyimpenan internal piranti.

Simpenan internal

Potret utawa video sing disimpen ing memori piranti.

Kertu SD

Potret utawa video sing disimpen ing kertu SD.

Garis pinggir

Pilih kanggo nguripake utawa mateni garis pinggir ing jendhela bidhik kamera.

Bukak cepet

Gunakake setelan Bukak cepet kanggo mbukak kamera nalika layar dikunci.

99

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngatur werna lan pepadhang

1

Aktifake kamera.

2

Tutul >

Werna lan pepadhang.

3

Seret tandha geser menyang posisi sing dipengini kanggo ngatur werna lan

pepadhangan.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode Superior otomatis lan Kamera video.

Pepdhangan, fokus, lan cahya

Pepadhangan sing mung kasedhiya ing mode motret

Manual iki ngatur imbangan werna

miturut kahanan cahya. Sampeyan uga bisa ngatur cahya kanthi manual mulai -2,0 EV

nganti +2,0 EV. Misale, sampeyan bisa nambah pepadhange gambar utawa nyuda

cahya sakabehe kanthi nutul kontrol tambah utawa kurang sing cococg nalika lambang

setelan pepadhangan/mode fokus/cahya ditampilake.

Imbangan putih

Otomatis

Ngatur imbangan werna kanthi otomatis.

Inkandesen

Nyetel imbangan werna kanggo kondisi cahya anget, kayata ing ngisor lampu

bohlam.

Fluoresensi

Nyetel imbangan werna kanggo cahya lampu neon.

Awan Padhang

Nyetel imbangan werna kanggo kahanan njaba ruangan karo srengenge.

Mendhung

Nyetel imbangan werna kanggo langit mendhung.

Fokus AF

Ngatur fokus kanthi otomatis.

Fokus MF

Ngatur fokus kanthi manual.

SS auto

Ngatur kacepetan rana kanthi otomatis.

SS 1/8

Ngatur kacepetan rana kanthi manual.